Wejangan

Wejanganipun lbu Sri Pawenang 
HO-NO-CO-RO-KO

• Ho, No, Co, Ro, Ko
Tegesipun wonten utusan. Utusan saking. Allah Hyang Maha Kuasa ingkang pinongko dados dhuto utusanipun Allah Hyang Maha Kuasa, inggih meniko Hyang Maha Suci.

• Dho, To, So, Wo, Lo
Tcgesipun ngemban kuwajiban tanggel jawab dateng gesangipun (wonten ing alam kehidupan, keramaian dunia sementara, Ian ngemban kewajiban tanggel jawab dateng rohaninipun supados, saget wangsul wonten ing alam Ianggeng.

• Po, Dho, Jo, Yo, Nyo
Tegesipun sami-sami kuatipun antawisipun kebutuhan jasmani lan rohani. Jasmani mbetahaken sandang, pangan, papan lan sanes-sanesipun ingkang sedoyo meniko soal keduniawian.
Menawi rohani mbetahaken tansah caket Ian taasah saget kontak hubungan sinar kalian Allah yang Maha Kuasa.

• Mo, Go, Bo, Tho, Ngo
Tegesipun pisahipun badan jasmani kalian rohani. Jasmani ingkang asalipun saking sari-sarinipun Bumi, pramilo badhe wangsul dateng bumi malih. Menawi rohani asalipun saking percikan sinaripun Allah Hyang Maha Kuasa, dados badhe wangsul malih wonten ing alam langgeng. Awit tugasipun sampun rampung.

“Ojo sombong, ojo pamer, ojo dumeh, ojo gumunan”
Ojo rumangsa yen wis biso Ian ngerti, nanging ngrumang-sanono yen sejatine ngono ora bisa lan ora ngerti opo-opo. Nanging sedoyo meniko namung saking keparang-anipun Allah Hyang Maha Kuasa.

“Kang ono ing njobo, wis bisa jumbuh karo kang ana ing njero, utawi jasmani sampun saget sami kalian rohani”

Tegesipun :
Jasmanine sampun resik lan sampun putih bersinar sami kalian rohani. Dados menopo kemawon ingkang dipun tindakaken .jasmani sampun saget sami kalian menopo kemawon ingkang dipun tindakaken rohani utawi Hyang Maha Suci.



Pitedah saking seratan Jawi
“Kang waseso wis, winiseso wus”

Tegesipun :
Ingkang waune namung tansah mrintah Ian ngerehaken dateng gesang kito/urip kito utawi Hyang Maha Suci sak meniko gentos dipun printah Ian dipun rehaken ingkang kedah tunduk Ian takluk sarto kedah manut menopo ingkang dados kersanipun Hyang Maha Suci.


Saking seratan Jawi nedahaken
Kang Suwung Bakal Isi,
Nanging Kang Isi Bakal Suwung”

Kang suwung bakal isi, tegesipun
Sopo kang sujude biso suwung bakal isi, inggih meniko saget nampi sedoyo wejangan-we.jangan, pitedah Ian petunjuk, kawaskitan-kawaskitan. Sastro Jendro Hayuningrat (tulisan tanpo papan) Ian sanes-sanesipun saking Allah Hyang Maha Kuasa. Awit Hyang Maha Suci saget hubungan sinar kalian sinaripun Allah Hyang Maha Kuasa.

Kang isi bakal suwung, tegesipun :
Sopo kang sujude isi bakal suwung amargi anggenipun sujud pikiranipun tansah kebak utawi sampun isi gagasan Ian pangangen­angen, lajeng hasilipun nol utawi kosong. Awit Hyang Maha Suci nipun mboten saget sambung sinar kalian Allah Hyang Maha Kuasa, dados tanpo guna sujudipun.

• Sanggaripun Hyang Maha Suci wonten ing sak nginggile ubun-­ubun.

• Pusat inggih meniko mangelengaken sedaya raos / roso kapusataken dateng ubun-ubun.

• Tuntutanipun inggih meniko Hyang Maha Suci.

• Wargonipun inggih meniko badan jasmani ingkang dipun kuasai kalian sedulur sewelas, sarto dipun linakari nafsu abang, ireng, kuning, putih.

• Ingkang anggadahi hak paring wejangan-wejangan inggih meniko namung Allah Hyang Maha Kuasa.Ingkang saget nampi sedaya wejangan saking Allah Hyang Maha Kuasa, namung Hyang Maha Suci piyambak. Awit Hyang Maha Suci asalipun saking percikan sinaripun Allah Hyang Maha Kuasa.


Sarto Hyang Maha Suci meniko kaparingan utawi kedunungan sifat­silatipun Allah Hyang Maha Kuasa, ingkang dumunung wonten ing jagad pribadinipun Hyang Maha Suci, inggih meniko, sifat kaluhuran budhi ingkang tansah (Berbudhi Bowo Leksono) sifat roso welas Ian asih dateng sinten kemawon Ian sifat roso adil dateng sinten kemawon Ian mboten mbedak-mbedakaken.

Pramilo menawi kito tansah angadahi dateng sedoyo sifat-sifatipun Hyang Maha Suci, lan tansah mboten nilaraken dateng roso kewaspadaan mesti mboten bade kalentu utawi Iepat saking tumindak.